KEBUMEN (www.beritakebumen.info) - Ngapak, dialek utawa cara
ngomong khas daerah Kebumen, Banyumas, Tegal, Brebes siki wis tambah
terkenal. Angger jaman biyen langka wong, khususe senjabane daerah
ngapak, sing ngerti lan ora patia ngregani maring dialek ngapak siki wis
ora kaya kue.
Jaman semana bahasa ngapak dianggep 'rendahan' maring wong liya.
Mulane akeh cah kebumen - banyumasan sing pada minder ngucapaken bahasa
ngapak, dialek daerahe dewek. Ananging siki wis ora perlu
minder-minderan, merga dialek ngapak kue wis 'diakoni' maring wong Indonesia.
Buktine, nang acara-acara tivi nasional siki wis akeh sing nglebokna
utawa nganggoni dialek ngapak kue mau. Contone sing biasa diucapaken
aring Kang Tukul Arwana, "balik mening nang leptop, kaya kue!". Conto
liane ya wis akeh, kaya Parto Gombong, bakul jamu nang acara 'awas ada
sule', Kartika nang acara 'pesbuker', lan liya liyane. Akeh pokoke.
Malah artis-artis sing udu wong ngapak be pada nirok-nirokna ngomong
ngapak. Bahasa ngapak sing paling sering dienggo biasane
'inyong/enyong'.
Seliane hal kue mau, uga merga akeh wong ngapak sing nganggo ngapake nang situs 'jejaring sosial'
internet. Ditambah mening siki akeh grup fesbuk sing nganggo dialek
ngapak. Conone ana grup "Berita Kebumen", "Republik Ngapak", "Aku Cinta
Kebumen", "Kebumen Bae Lah", "Walet Muda", lan sapiturute.
Slogan-slogan ngapak juga ora ketinggalan, kayata "Ora Ngapak Ora
Kepenak", "Bersatu Kita Kompak, Bertemu Kita Ngapak", "Gulali Kancane
Permen, Aja Lali Karo Kebumen","Kebumen Kotaku, Ngapak Bahasaku".
Mulane dewek, sing diwarisi dialek utawa bahasa ngapak kudu bisa
ngangkat drajate bahasane dewek. Kudu bisa nglestarikaken bahasa utawa
dialek ngapak mau. Setuju apa ora sedulur?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar